h1

Angel Tenan

November 23, 2007

Pirang-pirang dino aku gal posting nak kene. Mbo ngak ngerti karepe opo….??? Disik tak pikir duwe blog iku gampang ngisini, tiba’e lumayan angel. Katene posting ngawur, yo iki diwoco wong akeh lak ising aku nek dikiro wong sing………….. Njaluk saran po’o rek!! diisi opo enake blog iki. Nek karep pertamaku si pokok’e iki tak gawe blog boso jowoan (suruboyoan) ngono, dadine kan enak isok ngomong sakarepe awak dewe. Tulu

h1

Met ULTAH

November 20, 2007

gak keroso nek saiki umurku tiba’e wes seprapat (1/4) abad. Seprapat abad uripko nak dunyo iki wes tak gawe opo ae yo??? Dhisik pinginku nek wes umur 25 iku yo wis duwe usaha dewe, wes duwe bujo ayu dewe, wes duwe anak, tibakno sak ioki yo ijik ngene iki ae. penggawean ijek tukang sapu, bojo ijek durung onok sing karep, anak ndi isok gawe dewe.

1/4 abad rasane uripko mung tak gawe sio-sio….. Ya gusti paringi kulo petunjuk balik nang dalanmu………………………..

h1

Cerito

November 20, 2007

Iki cerito dudu sembarang cerito. Iki ceritane anak menungso sing urip neng alam dunyo, di sio-sio.

Wong urip nak dunyo mestine pingin urip penak gak usah nyambut gawe.Pingine mung turu tok rejeni teko dewe. Urip nak dunyo kudune wani soro, wani berjuang. “Toekang Sapoe” mungkin kabeh wong gak pingin duwe cita-cita dadi koyok ngene, kabeh wong biasae nganggep remeh karo wo